6 Yen ana wong obong-obong lan genine nyalad eren, njalari tumpukan gandum utawa gandum kang durung dieneni utawa tanduran sapategalan katut kobong, kang obong-obong mau kudu nglironi sakabehe.
7 Manawa ana wong nitipake dhuwit utawa barang marang kancane, mangka titipane iku dicolong saka omahe kang dititipi, saupama kang nyolong kecandhak, kudu nglironi tikel loro.
8 Saupama kang nyolong ora kecandhak, kang duwe omah disebakna marang ing ngarsaning Allah perlu sumpah, yen pancen ora njupuk barange kancane.
9 Ing sarupaning prakara tukar-padu bab barang darbe dadia bab sapi, bab kuldi, bab wedhus, bab sandhangan, lan sadhengah barang kang ilang, manawa kang siji kandha: “Iki duwekku!” -- prakarane wong loro iku kasaosna marang Gusti Allah. Dene sapa kang disalahake dening Gusti Allah kudu nglironi tikel loro marang kancane mau.
10 Manawa ana wong nitipake kuldi, sapi utawa wedhus, utawa kewan apa bae marang kancane, mangka kewan iku mati, putung sikile utawa kebradhat, ora kaweruhan ing wong,
11 ing kono karampunganing prakara nganggo sumpah ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, yen kang katitipan iku temen ora njupuk darbeke kancane, lan kang nitipake kudu narima, sarta kang katitipan ora prelu nglironi.
12 Nanging manawa kewan mau pancen dicolong, mesthi kudu nglironi marang kang duwe.