1 “Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.
2 Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.
3 Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.
4 Manawa sira mrangguli sapine utawa kuldine mungsuhira kang ketriwal, poma iku enggal-enggal sira ulihna marang kang duwe.