2 Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.
3 Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.
4 Manawa sira mrangguli sapine utawa kuldine mungsuhira kang ketriwal, poma iku enggal-enggal sira ulihna marang kang duwe.
5 Manawa sira weruh kuldine mungsuhira ambruk marga kabotan momotan, poma sira aja sungkan tetulung, nanging kang duwe sira rewangana mbongkar momotane kalawan eklas.
6 Sira aja ndhoyongake wewenange wong miskin ing sajroning prakarane.
7 Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.
8 Sira aja nampani besel, marga besel iku marakake wutane wong melek, lan ngisruhake prakarane wong-wong kang bener.