23 Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.
24 Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.
25 Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.
26 Ing nagaranira bakal ora ana wong wadon kang keluron utawa kang gabug. Lan umurira bakal Sunjangkepi.
27 Rasa giris marang Ingsun bakal Sunkirimake ndhingini sira, Ingsun bakal ndadekake kisruhe sakehe wong kang sira parani, lan sakehe mungsuhira bakal Sundamel lumayu ninggal sira.
28 Karodene Ingsun bakal ngeculake tawon ndhingini sira, iku bakal nundhungi wong Hewi, wong Kanaan lan wong Het saka ing ngarepira.
29 AnggoningSun nundhungi bangsa-bangsa iku saka ngarepira ora sajroning setaun, supaya nagara iku aja banjur sepi, sarta buron alase aja nganti mundhak akeh ngungkuli cacahira.