29 AnggoningSun nundhungi bangsa-bangsa iku saka ngarepira ora sajroning setaun, supaya nagara iku aja banjur sepi, sarta buron alase aja nganti mundhak akeh ngungkuli cacahira.
30 AnggoningSun bakal nundhungi bangsa iku saka ngarepira saka sathithik, nganti sira wus padha duwe anak-putu akeh lan bisa ndarbeni tanah iku.
31 Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.
32 Sira aja gawe prajanjian karo wong iku utawa karo allahe.
33 Bangsa-bangsa mau bakal ora tetep pamanggone ana ing nagaranira, supaya ora njalari sira padha gawe dosa marang Ingsun, yaiku sira padha ngabekti marang allahe; prakara mangkono iku mesthi dadi kala-jiret tumrap sira.”