1 Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.
2 Mung Musa dhewe kang sowane cedhak kalawan Pangeran Yehuwah, nanging liyane ora kepareng nyedhak, lan wong akeh iya aja ana kang melu munggah bareng karo sira.”
3 Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”
4 Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta sesuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.
5 Tumuli ndhawuhi wong nom-noman panunggalane bangsa Israel, kang banjur padha nyaosake kurban obaran lan nyembeleh sapi lanang kagawe kurban keslametan sumaos marang Pangeran Yehuwah.
6 Sawuse iku Nabi Musa banjur mundhut getihe sabagean, diwadhahi bokor, sabagean maneh dikepyurake ing misbyah mau.
7 Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”