4 Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta sesuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.
5 Tumuli ndhawuhi wong nom-noman panunggalane bangsa Israel, kang banjur padha nyaosake kurban obaran lan nyembeleh sapi lanang kagawe kurban keslametan sumaos marang Pangeran Yehuwah.
6 Sawuse iku Nabi Musa banjur mundhut getihe sabagean, diwadhahi bokor, sabagean maneh dikepyurake ing misbyah mau.
7 Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”
8 Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.”
9 Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha minggah ing gunung, mangkono uga Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh,
10 sarta padha ndeleng Gusti Allahe Israel; kang minangka ancik-ancikaning sampeyane iku memper kaya srasahan sotya manila kang mencorong kaya langit kang sumilak padhang.