8 Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.”
9 Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha minggah ing gunung, mangkono uga Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh,
10 sarta padha ndeleng Gusti Allahe Israel; kang minangka ancik-ancikaning sampeyane iku memper kaya srasahan sotya manila kang mencorong kaya langit kang sumilak padhang.
11 Nanging Panjenengane ora mulung astane marang pemimpin-pemimpin Israel; padha nyawang marang Gusti Allah, banjur mangan lan ngombe.
12 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”
13 Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.
14 Nanging pawelinge Nabi Musa marang para tuwa-tuwa: “Kowe padha ngentenana aku ana ing kene, nganti sabaliku mbaleni kowe. Dene Harun lan Hur rak padha tetunggalan karo kowe, sapa kang duwe prakara padha maranana dheweke.”