22 Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”
23 “Lan maneh sira gawea meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta lan dhuwure karotengah asta.
24 Meja iku sira lapisana mas murni sarta wenehana plisir mas mubeng.
25 Karodene sira wenehana wengku mubeng ambane saepek-epek, lan wengku iku iya sira wenehana plisir mas mubeng.
26 Sarta maneh meja iku iya sira gawekna gelangan mas patang iji, gelangan iku sira etrapna ing pojokane papat kaprenah ana ing sikile papat.
27 Gelangane padha pepetna ing wengku, kanggo slobokane pikulan kang kanggo ngusung mejane.
28 Pikulane iku iya kayu sittah kalapisa mas, iku kang kagawe ngusung mejane.