24 Meja iku sira lapisana mas murni sarta wenehana plisir mas mubeng.
25 Karodene sira wenehana wengku mubeng ambane saepek-epek, lan wengku iku iya sira wenehana plisir mas mubeng.
26 Sarta maneh meja iku iya sira gawekna gelangan mas patang iji, gelangan iku sira etrapna ing pojokane papat kaprenah ana ing sikile papat.
27 Gelangane padha pepetna ing wengku, kanggo slobokane pikulan kang kanggo ngusung mejane.
28 Pikulane iku iya kayu sittah kalapisa mas, iku kang kagawe ngusung mejane.
29 Sira iya gawea pinggan, piring, porong lan tuwung, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh iku kagawea saka mas murni.
30 Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.”