1 “Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
2 Dawane tendha siji wolu likur asta, ambane patang asta, tendha iku ukurane kabeh kudu padha.
3 Tendha lima disambung-sambung dadi siji, kang lima maneh iya disambung-sambung dadi siji.
4 Lan sira gawea tali-tali kolongan wungu tuwa kaetrapna ing pinggire tendha kang siji, mangkono uga tumrap ing pinggire tendha sijine.
5 Kolongan seket iji sira etrapna ing tendha kang siji lan kolongan kang seket iji maneh etrapna ing pungkasane tendha sijine, adhep-adhepan siji lan sijine.