1 “Karomaneh sira gawea misbyah kayu sittah, dawane limang asta lan ambane limang asta, dadi misbyah iku pesagi bener, nanging dhuwure telung asta.
2 Sungune sira gawea ana ing pojokane papat; iku ginawea iras-irasan karo misbyahe, misbyah iku kudu sira lapis ing tembaga.
3 Sarta sira uga gawea wadhah-wadhah kanggo mbuwangi awune, apadene sorok lan bokor kanggo nyirami, cukit lan anglone; sakehe piranti iku kudu tembaga kang sira gawe.
4 Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,
5 banjur sira etrapna ing sangisoring wengkune misbyah wiwit saka ngisor nganti krawangan mau dhuwure saparone misbyah.
6 Karomaneh misbyah iku iya sira gawekna pikulan, pikulan kayu sittah kang kalapis ing tembaga.