13 Dene ambane plataran perangan ngarep kang sisih wetan kudu seket asta,
14 yaiku gebere limalas asta kanggo ing sisihe gapura kang siji karo cagake telu lan ompake telu,
15 lan kanggo ing sisihe gapura sijine gebere iya limalas asta, cagake telu lan ompake iya telu.
16 Nanging ing gapurane plataran anaa gebere kang dawane rong puluh asta, kang kagawe bakal wungu tuwa, lan wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang mancawarna kalawan cagake papat lan ompake papat.
17 Sakehe cagak kang ana ing saubenge plataran mau padha kaetrapana sambungan salaka, lan canthelane iya salaka, dene ompake tembaga.
18 Dawane plataran kudu satus asta, ambane seket asta lan dhuwure limang asta, awujud lena tenunan alus kang benange kaantih, sarta ompake tembaga.
19 Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.”