16 Nanging ing gapurane plataran anaa gebere kang dawane rong puluh asta, kang kagawe bakal wungu tuwa, lan wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang mancawarna kalawan cagake papat lan ompake papat.
17 Sakehe cagak kang ana ing saubenge plataran mau padha kaetrapana sambungan salaka, lan canthelane iya salaka, dene ompake tembaga.
18 Dawane plataran kudu satus asta, ambane seket asta lan dhuwure limang asta, awujud lena tenunan alus kang benange kaantih, sarta ompake tembaga.
19 Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.”
20 “Karodene sire ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha ngladekna lenga jaitun dheplokan kang tulen kanggo padamaran, supaya damare tansah murub.
21 Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”