4 Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,
5 banjur sira etrapna ing sangisoring wengkune misbyah wiwit saka ngisor nganti krawangan mau dhuwure saparone misbyah.
6 Karomaneh misbyah iku iya sira gawekna pikulan, pikulan kayu sittah kang kalapis ing tembaga.
7 Pikulane kaslobokna ing gelangane, dadi samangsa misbyahe diusung, pikulan iku padha ana ing lambunge misbyah kiwa-tengen.
8 Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.”
9 “Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta.
10 Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.