9 “Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta.
10 Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.
11 Mangkono uga ing sisih lor, turut ujure iya nganggoa geber dawane padha satus asta, sarta cagake rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, nanging canthelane lan sambungane iku salaka.
12 Ing ambane plataran sisih kulon anaa gebere kang seket asta, kalawan cagake sapuluh lan ompake sapuluh.
13 Dene ambane plataran perangan ngarep kang sisih wetan kudu seket asta,
14 yaiku gebere limalas asta kanggo ing sisihe gapura kang siji karo cagake telu lan ompake telu,
15 lan kanggo ing sisihe gapura sijine gebere iya limalas asta, cagake telu lan ompake iya telu.