14 apadene rante mas murni rong iji, rante mau banjur kagawea tali adhapur klabangan rante kang wus kadhapur tali mau kagandhenga karo embanane.
15 Lan sira kudu gawe tutup dhadha, piranti kanggo nibakake kaputusan, garapaning ahli. Panggarape padha kaya kotang efod, kang kagawe: mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.
16 Wangune pesagi lan rangkep loro, dawane sakilan ambane iya sakilan,
17 iku kaetrapana sesotya patang larik. Larikan kapisan: sotya yaspis abang, krisolit lan malakit.
18 Larikan kapindho: mirah, lazurit lan yaspis ijo.
19 Larikan katelu: sotya ambar, akik lan kecubung.
20 Larikan kang kaping papat: sotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kaembanana mas, kaya mangkono sesotya-sesotya mau dalah embanane.