23 Uga kaetrapana gelangan mas rong iji, gelangan iku kaetrapna ing pojokane tutup dhadha loro pisan.
24 Rante mas loro mau kapasanga ing gelangan loro iku, ing pojoking tutup dhadha.
25 Pucuke rante loro iku kaolehna ing embanan loro mau; kaya mangkono anggonira masang iku ana ing pundhakaning efod kaprenah ana ing ngarep.
26 Sarta maneh sira gawea gelangan mas loro engkas, kaetrapna ing pojokane tutup dhadha loro pisan, ing pinggir jero kang tumumpang ing kotang efod.
27 Karo maneh sira gawea gelangan mas loro sira etrapna ing pundhakane kotang efod, kaprenah ngisor perangan ngarep, mepet ing sambungane, ing sadhuwure sabuke kotang efod.
28 Sawuse mangkono gelangane tutup dhadha iku padha sira talenana mandhuwur oleh gelangane kotang efod srana tali wungu tuwa kaprenah tumumpang ing dhuwur sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora kena kapisah karo kotange efod.
29 Mangkono Harun anggone ngemban jenenge para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.