38 Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.