1 “Anadene anggonira nucekake Harun lan para anake supaya ngimamana lumados marang Ingsun iku patrape mangkene: Sira njupuka sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang loro kang tanpa cacat,
2 roti tanpa ragi lan roti bunder iya tanpa ragi, diolah nganggo lenga, roti tipis tanpa ragi dioseri lenga, kabeh iku kang kagawe kudu glepung gandum pilihan.
3 Iku kabeh sira wadhahana cething siji, nuli sira saosna sacethinge, mangkono uga sapine lanang sarta wedhuse lanang loro mau.
4 Harun lan anak-anake padha ajokna marang ngarepe lawangan Tarub Pasewakan lan sira wisuhana banyu.
5 Sawuse mangkono sira njupuka sandhangane, sarta Harun sira anggonana kemejan, jubahing klambi efod lan kotang efod apa maneh tutup dhadha; tumuli efod sira singsetana klawan sabuk klambi efod;
6 sirahe sira etrapana serban lan blebekan suci kapasanga ing serban mau.
7 Sawuse mangkono sira njupuka lenga jebad kaesokna ing sirahe, dadi sira jebadana.