30 Turune kang nggenteni dadi imam, kang bakal lumebu ing Tarub Pasewakan perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, iku ngantia pitung dina lawase anggone nganggo sandhangan mau.
31 Wedhus lanang pisungsung tahbisan iku daginge kajupuka sarta diolaha ana ing panggonan kang suci.
32 Harun dalah anak-anake padha mangana daging wedhus iku karo roti kang ana ing cething ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.
33 Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci.
34 Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.
35 Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.
36 Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci.