33 Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci.
34 Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.
35 Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.
36 Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci.
37 Pitung dina lawase anggonira nganakake karukunan kanggo misbyah iku, misbyah iku kudu sira sucekake, satemah bakal dadi suci pinunjul; sadhengah wong kang nggepok misbyah iku bakal dadi suci.”
38 “Anadene kang kudu sira kurbanake ing misbyah iku: cempe loro kang umur nyetaun, ajeg saben dina.
39 Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore.