38 “Anadene kang kudu sira kurbanake ing misbyah iku: cempe loro kang umur nyetaun, ajeg saben dina.
39 Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore.
40 Cempe sijine kaolaha karo glepung kang becik saprasapuluh efa lan lenga dheplokan saprapat hin, sarta kurban unjukan rupa anggur saprapat hin.
41 Cempe sijine kaolaha ing wayah sore; padha kaya kurban dhaharan lan kurban unjukan ing wayah esuk, iku kaolaha minangka pisungsung kang arum, kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah,
42 iku kurban obaran kang ajeg ana ing tengahira nganti turun-tumurun, kang kasaosake ing ngareping lawange Tarub Pasewakan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Marga ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira sarta ngandika marang sira.
43 Ana ing kono anggoningSun bakal manggihi wong Israel, temah panggonan iku bakal kasucekake dening kamulyaningSun.
44 Mangkono Ingsun bakal nucekake Tarub Pasewakan lan misbyah iku, sarta Harun lan anak-anake iya bakal Sunsucekake, supaya padha dadia imam lumados marang Ingsun.