43 Ana ing kono anggoningSun bakal manggihi wong Israel, temah panggonan iku bakal kasucekake dening kamulyaningSun.
44 Mangkono Ingsun bakal nucekake Tarub Pasewakan lan misbyah iku, sarta Harun lan anak-anake iya bakal Sunsucekake, supaya padha dadia imam lumados marang Ingsun.
45 Karodene Ingsun bakal dedalem ana ing tengahe wong Israel sarta Ingsun bakal jumeneng Allahe.
46 Ing kono banjur bakal padha weruh, yen Ingsun iki Yehuwah Allahe, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahe, iya Ingsun iki Yehuwah, Allahe.”