7 Sawuse mangkono sira njupuka lenga jebad kaesokna ing sirahe, dadi sira jebadana.
8 Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna, sira anggonana kemejan,
9 lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake.
10 Sapine lanang mau nuli sira ajokna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, Harun lan anak-anake banjur padha numpangna tangane ing endhase sapi iku,
11 sapine nuli kasembeleha ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawange Tarub Pasewakan.
12 Sira banjur njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, leletna ing sungune misbyah kalawan drijinira, dene getih turahane sira esokna kabeh ing misbyah perangan ngisor.
13 Sakehe gajih kang nutupi jeroan, gombyoking ati, ginjel loro pisan tekan gajihe, iku sira obonga ana ing misbyah.