1 “Sira iya gawea misbyah kanggo ngobong dupa, kayu sittah kang sira gawe;
2 dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi nanging dhuwure rong asta; sungune iras-irasan karo misbyahe.
3 Iku kablongsonga ing mas murni, iya papane ing dhuwur, iya sisih-sisihe mubeng apadene sungune, sira wenehana plisir mas mubeng.
4 Karodene misbyah iku iya sira etrapana gelangan mas kaprenah ana ing sangisore plisir; sira etrapna ing sisihe misbyah ing kiwa lan tengen, kanggo slobokane pikulan samangsa kausung.
5 Anadene pikulan kang sira gawe iku kayu sittah kang kablongsong mas.