18 “Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.
19 Harun lan anak-anake padha wisuha tangan lan sikil nganggo banyu kang ana ing padasan mau.
20 Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,
21 iya padha wisuha tangan lan sikil dhisik, supaya aja nganti nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase, kanggo Harun saanake turun-tumurun.”
22 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:
23 “Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,
24 kayu teja limang atus sekel, ditimbang miturut sekel suci, lan lenga jaitun sa-hin.