22 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:
23 “Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,
24 kayu teja limang atus sekel, ditimbang miturut sekel suci, lan lenga jaitun sa-hin.
25 Iku mau kabeh kagawea lenga jebad kang suci, adon-adon arum kang kagawe kalawan ngati-ati kaya gaweane juru masak lenga, iku dadia lenga jebad kang suci.
26 Lenga iku kagawea njebadi Tarub Pasewakan lan pethine angger-angger,
27 meja sapirantine kabeh, padamaran sapirantine lan misbyah padupan;
28 apamaneh misbyah kurban obaran dalah sapirantine kabeh lan wadhah banyu satadhahane.