26 Lenga iku kagawea njebadi Tarub Pasewakan lan pethine angger-angger,
27 meja sapirantine kabeh, padamaran sapirantine lan misbyah padupan;
28 apamaneh misbyah kurban obaran dalah sapirantine kabeh lan wadhah banyu satadhahane.
29 Iku kabeh kudu sira sucekake, supaya dadia suci pinunjul, sadhengah wong kang nggepok iku bakal dadi suci,
30 Harun lan para anake iya padha sira jebadana sarta sira sucekna supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun.
31 Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.
32 Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.