30 Harun lan para anake iya padha sira jebadana sarta sira sucekna supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun.
31 Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.
32 Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.
33 Sapa kang gawe lenga adon-adone padha kaya iku, lan ngusapake ing awake wong lumrah, iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”
34 Sarta maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira njupuka wangen-wangen, yaiku: tlutuh damar, kulit kayu lokan lan blendok rasamala, wangen-wangen iku kacampura kalawan menyan tulen, siji-sijine padha akehe.
35 Kabeh mau sira dadekna dupa, dadi campuran bumbu-bumbu kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu, nganggo diwori uyah, tanpa campuran liyane, dadia suci.
36 Saperangane campuran iku kajupuka, banjur kabebaka kang lembut, iku salong kadokokna ana ing ngarepe pethine angger-angger ing Tarub Pasewakan, iya ana ing kono anggoningSun manggihi sira, iku sira anggepa prakara kang suci pinunjul.