1 Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”
2 “Pangandikane Rama Harun marang wong-wong mau: Kowe padha nyopotana anting-anting mas kang ana ing kupinge somahmu, lan anak-anakmu lanang lan wadon, nuli gawenen mrene kabeh.”
3 Ing kono wong akeh banjur padha nyopoti anting-antinge mas kang ana ing kupinge somahe lan anak-anake, sarta diaturake marang Rama Harun.
4 Sawuse Rama Harun nampeni iku mau kabeh, tumuli didhapur sarana katatah dadi pepethan pedhet cor-coran. Ing kono pangucape wong akeh: “He Israel! Iku allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”
5 Bareng Rama Harun mirsa, banjur yasa misbyah ana ing sangarepe pepethan pedhet iku, Rama Harun nuli nguwuh: “Sesuk riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah!”
6 Esuke tumuli padha tangi sarta nyajekake kurban obaran lan kurban slametan, sawuse mangkono wong mau banjur padha mangan lan ngombe, nuli ngadeg sarta asumyak-sumyak.