16 Papan loro mau yasane Gusti Allah, tulisane iya seratane Gusti Allah pribadi, kaukir ana ing papan mau.
17 Bareng Yusak krungu giyak-giyake wong akeh, banjur matur marang Nabi Musa: “Ing palereban kepireng swara suraking perang!”
18 Nanging pangandikane Nabi Musa: “Iku dudu swaraning kidung kaunggulan lan iya dudu kidung pangadhuh marga kasoran, aku krungu swarane kidung saur-sauran.”
19 Kacarita bareng wus cedhak ing palereban, sarta mirsa reca pedhet lan wong-wong padha jejogedan, Nabi Musa banjur duka banget, nganti papan watu loro mau dibanting, temah pecah ana ing sikile gunung.
20 Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.
21 Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”
22 Nanging wangsulane Rama Harun: “Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,