5 Bareng Rama Harun mirsa, banjur yasa misbyah ana ing sangarepe pepethan pedhet iku, Rama Harun nuli nguwuh: “Sesuk riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah!”
6 Esuke tumuli padha tangi sarta nyajekake kurban obaran lan kurban slametan, sawuse mangkono wong mau banjur padha mangan lan ngombe, nuli ngadeg sarta asumyak-sumyak.
7 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.
8 Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”
9 Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun wus nyatitekake bangsa iki, lah iki bangsa kang wangkal.
10 Kang iku sira eklasa, bebenduningSun mulad-mulad bakal numpes bangsa iku, nanging sira bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.”
11 Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?