Pangentasan 32:7-13 JAV

7 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.

8 Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”

9 Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun wus nyatitekake bangsa iki, lah iki bangsa kang wangkal.

10 Kang iku sira eklasa, bebenduningSun mulad-mulad bakal numpes bangsa iku, nanging sira bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.”

11 Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?

12 Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.

13 Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”