Pangentasan 33:1-7 JAV

1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Wis, sira lungaa, mangkata saka ing kene, sira dalah bangsa kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku, padha menyanga ing tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub mangkene: Turunira kang bakal Sunparingi tanah iku --

2 Ingsun bakal nglampahake malaekat siji kang bakal lumaku ana ing ngarepira sarta bakal nundhungi bangsa Kanaan, bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus --

3 yaiku tanah kang luber puwan lan madu, sabab Ingsun ora bakal tindak ana ing tengahira, marga sira iku bangsa kang wangkal, supaya sira ora Suntumpes ana ing dedalan.”

4 Nalika bangsa iku krungu pangandika pangancam kang nggegirisi iku, banjur padha susah, lan ora ana siji-sijia kang manganggo rerenggane.

5 Marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira nglantarna pangandikaningSun marang wong Israel: Sira iku bangsa kang wangkal. Saupama Ingsun tindak ana ing tengahira munga sadhela bae, mesthi sira bakal padha Suntumpes. Kang iku saiki sira padha nyelehna rerengganira, nuli Ingsun bakal nggalih, apa kang bakal Suntandukake marang sira.”

6 Marga saka iku wong Israel padha ora nganggo rerenggan maneh, wiwit saka ing gunung Horeb iku.

7 Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.