15 Unjuke Nabi Musa marang Sang Yehuwah: “Manawi sanes Paduka pribadi ingkang nganthi kawula, kawula mugi sampun ngantos Paduka dhawuhi bidhal saking ngriki.
16 Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”
17 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Panyuwunira iku iya bakal Sunsembadani, awitdene sira wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun lan Ingsun wus wanuh marang sira.”
18 Nanging unjuke Nabi Musa: “Paduka mugi karsaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula!”
19 Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”
20 Pangeran Yehuwah ngandika maneh: “Sira mesthi ora bisa tahan ndeleng pasuryaningSun, awit ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip.”
21 Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah: “Lah ing sacedhakingSun kene ana papan kang kena sira enciki, kaprenah ana ing dhuwur parang,