16 Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”
17 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Panyuwunira iku iya bakal Sunsembadani, awitdene sira wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun lan Ingsun wus wanuh marang sira.”
18 Nanging unjuke Nabi Musa: “Paduka mugi karsaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula!”
19 Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”
20 Pangeran Yehuwah ngandika maneh: “Sira mesthi ora bisa tahan ndeleng pasuryaningSun, awit ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip.”
21 Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah: “Lah ing sacedhakingSun kene ana papan kang kena sira enciki, kaprenah ana ing dhuwur parang,
22 nuli samangsa kamulyaningSun tindak langkung, sira bakal Sunlebokake ing lowahane parang iku lan sira Suntamengi astaningsun, nganti Ingsun wus langkung.