Pangentasan 33:7-13 JAV

7 Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.

8 Samangsa Nabi Musa menyang ing tarub iku, wong kabeh padha mapan ngadeg ana lawanging tarube dhewe-dhewe, karo mandeng marang tindake nganti salebete ing tarub.

9 Manawa Nabi Musa lumebet ing tarub mau, tugu mega nuli mudhun mapan ana ing lawangane tarub, sarta Pangeran Yehuwah banjur imbal pangandika karo Nabi Musa.

10 Bareng wong kabeh padha ndeleng tugu mega mapan ana ing lawangane tarub, wong sabangsa padha ngadeg, tumuli sumungkem sujud, saben wong ana ing lawanging tarube dhewe.

11 Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.

12 Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.

13 Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”