10 Nuli sakehe wong panunggalanira kang ahli padha tekaa lan gawea samubarang kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah,
11 yaiku Tarub Suci, payoning Tarub, lan tutuping payon, canthelane lan blabage, kendhite, sakane lan ompake;
12 pethi dalah pikulane, tutup pangruwatan lan gebere aling-aling;
13 meja dalah pikulane lan sapirantine kabeh lan roti sesaosan;
14 padamaran kang kanggo madhangi dalah pirantine, samare lan lengane kang kanggo padamaran mau;
15 misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;
16 misbyah kurban obaran dalah pancak-sujine tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane;