12 pethi dalah pikulane, tutup pangruwatan lan gebere aling-aling;
13 meja dalah pikulane lan sapirantine kabeh lan roti sesaosan;
14 padamaran kang kanggo madhangi dalah pirantine, samare lan lengane kang kanggo padamaran mau;
15 misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;
16 misbyah kurban obaran dalah pancak-sujine tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane;
17 geber plataran, cagake, ompake lan klambu gapura plataran;
18 pathoke Tarub Suci lan pathoke plataran dalah taline;