30 Nabi Musa tumuli ngandika marang wong Israel: “Lah, Pangeran Yehuwah wus netepake Bezaleel bin Uri bin Hur, saka taler Yehuda,
31 wus kaparingan Rohe Gusti Allah, temah nduweni keahlian, pangreten lan kawruh tumrap sarupane gegawean,
32 yaiku bisa gawe rancangan kang kudu ditindakake bab gawe dandanan mas, selaka lan tembaga,
33 ngukir-ngukir sesotya kang kagawe isen, ngukir kayu lan nindakake sarupane pagawean kang wus karancang mau.
34 Sarta Pangeran Yehuwah wus maringake kapinteran ana ing atine, mangkono uga marang Aholiab bin Ahisamakh saka taler Dhan, temah bisa memulang,
35 padha kaparingan keahlian bisa nggarap sarupane pagawean tukang, gaweane wong kang ahli, nggarap barang sulaman kang manca-warna saka bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus, apadene tenunan, ringkes bisa nggarap sakabehe pagawean lan ngrancang rupa-rupa.