21 dawane saben blabag sapuluh asta lan ambane karo tengah asta.
22 Saben blabag ana puruse loro jejer, kaya mangkono anggone gawe kabeh blabag ing Tarub Suci.
23 Anggone gawe blabage Tarub Suci iku, rong puluh dipasang ana iring kidul,
24 blabag rong puluh mau digawekake ompak selaka patang puluh, dadi saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro mau, lan sabanjure saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro.
25 Ing sisihe Tarub Suci sijine, ing sisih lor, iya digawekake blabag rong puluh iji,
26 karo ompake selaka patang puluh iji, blabag siji ompake loro, lan ing sabanjure ompak loro kanggo blabag siji.
27 Ing burine Tarub Suci iya iku sisih kulon, digawekake blabag nem iji.