3 Karodene iya digawekake gelangan mas cor-coran patang iji padha kaetrapake ing pojoke ngisor papat pisan, yaiku gelangan loro ana iringan kang siji, gelangan loro maneh ana iringan sijine.
4 Sarta maneh gawe pikulan kayu sittah padha kablongsong ing mas,
5 pikulan iku dislobokake ing gelangan kang ana ing iringane pethi, kagawe ngusung.
6 Nuli iya gawe tutup pangruwatan kang kagawe mas murni, dawane loro satengah asta lan ambane karotengah asta,
7 sarta iya yasa kerub mas loro kang kagawe mas gemblengan, kaprenahake ing pungkasane tutup pangruwatan iku.
8 Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.
9 Kerub-kerub iku padha mbeber swiwine karo pisan mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, sarta raine arep-arepan lan tumungkul marang tutup pangruwatan.