13 Lan ing sisih wetan seket asta,
14 yaiku geber kang ana ing sisihe gapura dawane limalas asta, cagake telu ompake telu;
15 lan ing sisih sijine gapura iku dadi sisih-sisihan ana ing gapuraning plataran -- ana gebere limalas asta, cagake telu ompake telu.
16 Sakehe geber ing saubenge plataran iku padha lena alus tenunan kang benange kaantih.
17 Ompake cagak-cagak iku tembaga, nanging canthelane lan sunduke selaka, ing dhuwure iya kablongsong ing salaka. Sakehe cagak plataran iku padha kasambung kalawan sunduk salaka.
18 Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.
19 Cagak papat lan ompake papat iku padha tembaga, nanging canthelane salaka, ing dhuwure cagak uga padha kablongsong salaka, mangkono uga sunduke iya salaka.