2 Nuli kagawekake sungu kang padha dipasang ana ing pojokane papat iras-irasan karo misbyahe, banjur diblongsong tembaga.
3 Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.
4 Misbyah mau iya digawekake krawangan dhapur jala tembaga, kaetrapake ing sangisore wengkune, wiwit saka ngisor tekan ing saparone dhuwure.
5 Sarta iya gawe gelangan cor-coran papat dipasang ing pojoke papat krawangan tembaga mau, kanggo slobokan pikulan.
6 Pikulan mau kang digawe kayu sittah lan diblongsong tembaga.
7 Pikulane tumuli dislobokake ing gelangan kang kaprenah ing lambunge misbyah, supaya bisa kausung. Misbyah mau kang digawe blabag, ing jerone growong.
8 Nuli yasa wadhah banyu lan uga tadhahane kang digawe tembaga, pangilone para wong wadon kang padha ngladeni pagawean ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan.