26 saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.
27 Salaka mau kang satus talenta dicithak dadi ompak-ompak pasucen lan ompak klambu. Salaka satus talenta kanggo ompak satus iji, dadi satalenta kanggo ompak siji.
28 Salaka kang sewu pitung atus pitung puluh lima sekel iku dianggo gawe canthelan-canthelan cagak, kanggo blongsong cagak perangan kang dhuwur, karomaneh cagak mau padha kasambung kalawan sunduk.
29 Mungguh tembaga pisungsung-mligi iku gunggunge ana pitung puluh talenta punjul rong ewu patang atus sekel.
30 Tembaga mau dianggo gawe ompake lawang Tarub Pasewakan, misbyah dalah krawangane lan sakehe pirantine misbyah mau,
31 ompak-ompak ing saubenge plataran, ompaking gapurane plataran iku, sakehe pathok-pathoking Tarub Suci lan sakehe pathok plataran ing saubenge.