9 Karomaneh Bezaleel iya gawe plataran ana ing sisih kidul; gebere plataran mau lena alus tenunan kang benange kaantih, dawane satus asta;
10 cagake klambu rong puluh lan ompake iya rong puluh padha tembaga, nanging canthelane cagak lan sunduke selaka.
11 Ing sisih lor iya satus asta; cagake geber rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, canthelane cagak lan sunduke salaka.
12 Ing sisih kulon: dawane geber seket asta, cagake sapuluh, ompake sapuluh, canthelane lan sunduke salaka.
13 Lan ing sisih wetan seket asta,
14 yaiku geber kang ana ing sisihe gapura dawane limalas asta, cagake telu ompake telu;
15 lan ing sisih sijine gapura iku dadi sisih-sisihan ana ing gapuraning plataran -- ana gebere limalas asta, cagake telu ompake telu.