1 Bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga iku dianggo gawe sandhangan dhines, kang kanggone samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; uga gawe sandhangan suci kagem Rama Harun, kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
2 Kotange efod kang digawe mas, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih.
3 Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.
4 Kotang efod iku dietrapi tutup-pundhak, kang digandhengake karo efod iku, ana ing pojoke loro-lorone.