23 Gulone jubah iku ing tengahe memper gulon klambi wesi, gulon iku kaplipit mubeng, supaya aja nganti suwek.
24 Jubah mau pinggire ngisor dipasangi rerekan delima kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga kang benange kaantih.
25 Sarta maneh padha gawe klinthingan mas murni; klinthingan mau dipasang selang-seling karo delimane ana ing pinggire jubah kang ngisor mubeng,
26 dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
27 Rama Harun lan para putrane iya digawekake kemejan lena alus gaweane tukang tenun,
28 serbane lena alus, iket kang endah iya lena alus, lancingan lena alus kang benange kaantih,
29 sarta paningsete lena alus kang benange kaantih, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga, tenunane manca-warna, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.