3 Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.
4 Kotang efod iku dietrapi tutup-pundhak, kang digandhengake karo efod iku, ana ing pojoke loro-lorone.
5 Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
6 Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.
7 Banjur padha dipasang ana ing tutup pundhake kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
8 Sarta iya padha gawe tutup dhadha, gaweaning ahli, patrape kaya gawe kotang efod, kang digawe mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih.
9 Tutup dhadha mau pesagi, sarta anggone gawe dirangkep loro, dawane sakilan lan ambane iya sakilan.